Header AD

header ads

Cerkak B.JAWA judule "NJALUK TULUNG"


KETERANGAN : HIRAUKAN GAMBAR DI ATAS ITU CUMAN ISENG-ISENG

"NJALUK TULUNG"
    WARSIH esuk iku dhewekan ing omah.Pak Dirdjo karo garwane wiwit wingi tindak Semarang kondangan adine mantu putrane putri.Dene mas Didiet putrane mbarep bu Dirjo mangkat kuliah esuk-esuk mau.
    Warsih nderek keluargane pak Dirdjo wis rong taun iki.Dheweke kepeksa ninggalake kutha Wonosari asline,nyambut gawe iing Yogya,abot-abote kepengen nyekolahake anak wadon siji benn bisa nutugake sekolah sawise tamat SMP mengko.Ora kaya Warsih dhewe sekolahe mung tekan kelas 1 smp medhot.Tansah keprungu pesene bojone sadurunge tinggal donya, nggadang-nggadang anake wadon sabisa-bisane sekolah saora-orane lulus SMU.
    Durung jam sewelas awan, kabeh gawean ngomah kuwajibane Warsih wis rampungan.Mumpung lagi dadi “panguwasa tunggal” ing omah loji gedhe iki,dina iku bisa tumindak apa bae.Nyoba nyetel TV ing ruwang tengah,lagi sedhela bosen.Pindah ing teras ngarep nggejojor ing kursi males.Meja cilik ing sisihe ana segelas wedang kopi panas lan sepiring pacitan. Karo ngrungokake radio cilik siaran Radio Retjo Buntung,mripate melek merem lan kambene comak-camuk. Ah,pancen laras temenan. Rasane kaya “nyonya bos besar” wae.Mula pancen menak dadi wong sugih!
    “Kulo nuwun, Sugeng siyang,bu!!”
    Warsih kaget,njenggelek. Ngerti-ngerti ana pawongan wanita setengah umur nyedhaki dheweke.
    “Kula kepareng matur,bu. Kula bade nyuwun tulung....”ujare wanita mau sawise dilungguhake Warsih ing kursi teras cedak kursi males.Nitik nyandhang pengangoone wanita sepantaran bu Dirjo mau ngatonake wong kecingkrangan. Raine pucet kumel ngemu wewayangan urip kebak susah.
    “Kersa panjenengan punapa?” pitakone Warsih karo namatake tas plastik sing di cangking tamune.
    “Kula badhe nyade kain batik punika,bu......” ature wanita mau karo ngetokake barang saka tas sing di gawa.
    “Wah,sapunika bapak ibu nembe tindak.Kula piyambakan wonten griya,” wangsulane Warsih.Dheweke ngira wong wadon ikiu sawijining sales sing mlebu metu saben omah nawakake dagangan.
    “Kula betah kaliyan ibu kemawon,” sumaure tamune karo nginguk dalan ngarep omah.Warsih mbedek iki ngiro yen dheweke sing nduwe omah gedhe iku.
Cerkak B.JAWA judule "NJALUK TULUNG" Cerkak B.JAWA judule "NJALUK TULUNG" Reviewed by Zangeki on Friday, September 30, 2016 Rating: 5

No comments

Post AD

home ads